Sunday, October 18, 2015

WERKUDARA - BIMA



Werkudara iku putrane Prabu Pandhu Dewanata Ian Dewi Kunthi sing angka kalih. Werkudara iku titisane Bathara Bayu. Awit putra angka loro, mula Werkudara uga sinebut putra panenggaking Pandhawa. Sesebutan liyane Bratasena, Bimasena, Haryasena, Bayusiwi, Jagal Abilawa, Kusumadilaga, Jayalaga. Kastriyane ing Jodhipati utawa Tunggul Pamenang.

Garwane telu aran Dewi Nagagini, Dewi Arimbi, Ian Dewi Urangayu. Karo Dewi Nagagini, 'peputra Raden Antareja. Karo Dewi Arimbi, peputra Raden Gathutkaca: Karo Dewi Urangayu, peputra Raden Antasena.
Raden Werkudara duwe pusaka aran Kuku Pancanaka, Gada Rujakpala, Ian Gada Lambita¬muka. Aji-ajine Bandung Bandawasa, Ungkal bener, Blabag Pengantol-antol, Bayu Bajra.

Kacarita laire Bratasena. Nalika bayi lair awujud bungkus. Kabeh gegaman ora tumama. Kang bisa mbedhah bungkus mung Gajah Sena. Bareng wis bedhah, bayi diidak-idak, ditlale, digadhing malah saya gedhe. Gajah Sena ditamani kuku Pancanaka, mati sanalika. Suksmane nyawiji karo Bratasena.
Bratasena utawa Werkudara iku ora bisa basa marang sapa wae. Dadi yen micara tansah ngoko. Sing dibasani mung Sanghyang Wenang lan Dewa Ruci. Sanajan mangkono Werkudara duwe watak setya tuhu marang guru, bekti marang ibu, teguh ing janji, bela bebener, mbrastha angkara, dhemen tetulung, tresna marang kadang, adil. Watak setya marang guru, dituduhake nalika dheweke diutus dening gurune Pendhita Durna goleh banyu Perwitasari ing tengah alas ing telenging segara. Kang sajatine Werkudara dialap patine, dijlomprongake. Nanging amarga setya bekti marang guru. Werkudara malah antuk nugraha, bisa ketemu marang guru sejati (Dewa Ruci), kang mahanani Werkudara bisa pinter tanpa guru maneh.

Tandha bektine marang ibune dibuktekake, kanthi merjaya Dursasana, getihe kanggo jamas rikmane Kunthi lan sirahe kanggo keset dening Dewi Kunthi. Tresna marang kadang, kabeh kadange tansah dibela lamun nuhoni bebener. Nanging yen luput, sanadyanta anake dhewe bakal diajar, kaya nalika Gathutkaca maling Pregiwa. Jebule Gathutkaca mung dipaeka sebab sing maling Gathutkaca palsu. Dhemen tetulung upamane nulungi Ratu Wiratha (Prabu Matswapati).

Ing perang Bratayuda Werkudara dadi agul-aguling Pandhawa. Werkudara kang bisa mateni Dursasana, Sengkuni lan Duryudana. Sawise perang Bharatayuda, Parikesit wis jumeneng nata, bebarengan marang sedulur Pandhawa wis jumeneng nata, bebarengan marang sedulur Pandhawa liyane, ninggalake praja. Werkudara tiwas sumusul Sadewa, Nakula, lan Harjuna. Werkudara tiwas angka papat amarga nalika uripe seneng mangan, rada kasar, lan ora bisa basa.

Wosing budi pekerti:
1. Duwea watak satriyatama: luhur ing budi, seneng tetulung, adil, wani ing bebener, mbrastha angkara murka!
2. Bektia marang wong tuwa, luwih-luwih marang ibu!
3. Dektia marang guru!
4. Tresna asih marang sedulur.
5. Darbea jiwa satriya kang dadi bentenging negara!

Bima utawa kang luwih kaloka kanthi jeneng Werkudara iku putrané Prabu Pandhu Déwanata (ratu Ngastina) lan Dèwi Kunthi Talibrata kang nomer loro. Sedhuluré kabèh cacahé ana lima kang banjur sinebut Pandhawa. Mula Bima iya banjur sinebut satriya Panenggak Pandhawa. Miturut Kitab Mahabharata, Bima (Bhima) dilairaké wujud bayi lumrah. Lair saka guwa garbané Dèwi Kunthi. Ramané bebisik Bathara Bayu, déwaning angin. 

Kacarita, sawijining ésuk Dèwi Kunthi ngenggar-enggar penggalih karo nggendhong Bhima sing isih bayi. Dumadakan ana macan saka suwaliking grumbul. Awit saking kageté, Bima mrucut saka gendhongan, tiba ing sadhuwuré watu gilang sing gedhéné sasirah gajah. Anèhé dudu sirahé Bima sing pecah, nanging malah watuné sing ajur mumur. Bima gereng-gereng nangis nggolèki ibuné. Krungu tangisé Bhima iki, macan sing mauné arep mbadhog (mangsa) bayi Bhima malah gila, satemah mlayu sipat kuping. Miturut crita pedhalangan, Bima (Werkudara) dilairaké wujud bungkus. Jaman isih cilik urip ing Astina, nanging sakwisé ditundhung déning Korawa, Bima lan sedulur-seduluré dibuwang lang pungkasané bisa babat Alas Mertani. Dhèwèké banjur urip ing kesatriyan Jodhipati/Unggulpawenang.

Anak-anaké Bima iki asring dadi pralambang prejurit. Antareja bisa ambles bumi, kang njaga dharatan. Gatotkaca bisa mabur, kang njaga awang-awang. Antasena bisa ambles bumi lan urip ing banyu, kang njaga laut. Bima uga klebu dadi salah sijiné warga Bayu kang cacahé ana wolu, yakuwi Bathara bayu dhéwé, Anoman, Liman Situbandha, Garudha Mahambira, Sarpa Nagakuwara, Gunung Maenaka, lan Ditya Jajawreka. Bima utawa Werkudara uga klebu dadi putrané Bathara Bayu, mula banjur sinebut Bayuputra iya bayu Tanaya kang tegesé anak Bayu (déwaning angin). Aji-ajiné aran aji bandhungbadawasa, Blabag Pangantol-antol lan Wungkal bener. Gegamané kang kondhang yaiku Gada Rujakpolo lan kuku Pancanaka. Bima ora gelem basa karo sapa waé, kejaba nalika ing lakon Bima Suci/Nawaruci. Ing lakon iki Bima ketemu karo Déwa Ruci. Wujudé Déwa Ruci kaya déné Bima. Déwa iki metu seka kupingé lan ngandhani Bima perkara filsafat urip. Ing pungkasan crita wayang, Bima muksa bareng karo Pandhawa liyané nuju swargaloka.

Saturday, October 17, 2015

PUTRADEWA - YUDISTIRA



Prabu Puntadewa iku ratu ing Amarta (Ngamarta), Dasanamane : Prabu Yudhistira, Darmakusuma, Darmaputra, Darmawangsa, Darmaraja, Gunatalikrama, Sadha Dwijakangka, Sang Ajathasatru.
Garwane asma Dewi Drupadi, mbakyune dewi Wara Srikandhi, putrane Prabu Drupada saka Negara Pancala. Saka Sang Prameswari Dewi Drupadi iki, Prabu Puntadewa peputra kakung siji, kekasih Raden Pancawala.

Prabu Puntadewa ratu watak pandhita. Watake sabar lan ikhlas, lila donya lila ing pati. Apa bae barang darbeke, yen ana sing njaluk mesthi diparingake. Nadyan segenge pisan yen ana sing njaluk, mesthi dililakake. Sajake urip ora tau ngapusi (goroh) lan ora nate perang. Sanadyan dipeksa dening Prabu Kresna supaya kersa goroh kanggo kemenangane Pandhawa, nalikane Pandhita Drona jumeneng Mahasenapati ing perang Bharatayuda, Prabu Puntadewa tetep ora kersa. Prabu Puntadewa tetep ngendika jujur, “ingkang pejah Hesthitama”. Mung olehe ngendika “Hesthi” lirih, “Tama”ne banter. Satemah dadi jalaran Pandhita Drona bingung, lan bisa dipateni dening Raden Trusthajumena.
Amarga saking banget ngati –atine, ora kersa gawe seriking liyan, lan ora kersa goroh, mula Prabu Puntadewa digambarake wong sing ludirane seta. Saking sucine uripe.

Pusakane Prabu Puntadewa wujud kitab/buku, jenenge Layang Kalimasada Pustaka Jamus. Prabu Salya klakon seda ing paprangan merga pusaka iki. Kejaba iku, pusaka liyane wujud tumbak lan payung, jenenge tumbak Karawilang lan payung Tunggulnaga.

Prabu Puntadewa iku ajejalok Yudistira iya prabu Dwijakangka utawa sinebut uga Prabu Gunatalikrama. Prabu Puntadewa kagungan pusaka arane jimat kalimasada. Prabu Puntadewa kena diarani manungsa setengah dewa. Geneya Prabu Puntadewa diarani setengah dewa amarga Prabu Puntadewa kagungan ciri-ciri kaya Dewa, kayata Getihe putih, Sipate sabar, ora kagungan mungsuh, lan tansah tresna marang karukunan.

Prabu Puntadewa iku garwane Dewi Drupadi, kagungan putra iku asmane Raden Pancawala. Prabu Puntadewa iku putrane Prabu Pandhu Dewanata lan Dewi Kunthi Nakibrata.Prabu Puntadewa iku ratu ing Amarta kang sabar lan mboten seneng perang. Nalika perang gedhe Bratayuda, Prabu Puntadewa dipekso mandeg Senopati tanding karo Prabu Salya saka Mandukara. Prabu Salya gugur, Prabu Puntadewa kang unggul Raden puntadewa inggih menika peranganing pandhawa ingkang sepuh piyambak. Putra Prabu Pandhu. Narendra ing ngastina. Piyambakan kawentar minangka putra ingkang saleh, jujur, sabar, tata krami, lila sregep, saha mituhu. Seserepan ingkang dipuntamekaken prekawis agami. Pramila ingkang dipunremeni prekawis kesaenan, kajujuran, sarta lila legawa. Minangka putra pambarep Pandhawa tansah bekti kaliyan tiyang sepuh sarta sanget asihipun dhumateng para rayi piyambakipun tansah momong para rayi kanthi raos asih. Pramila Raden Puntadewa tansah dipuntresnani kaliyan para sesepuh, dipunajeni kaliyan para rencang, saha dipunbekteni dening para ingkang anem.Awak-awakipun kuning gumrining, dedeg lencir, saha ukuranipun tanggung. Pasuryanipun bagus ules pethak mratandhani sucining manah.Busana saha rerenggan ingkang dipunagem wujud gelung keeling. Sumping waderan, kalungmenggah, kelatbau nagamangsa, gelangkana ganda, ali-ali gunung sepikul, kampuh bathik limar lapis, kroncong ngrangenan.

Thursday, October 15, 2015

LELUHUR PANDAWA DAN KURAWA


Ana sawatara versi cerita bab sapa leluhure Pandawa lan Kurawa. Ana sing ngandharake yen iku Bharata, putrane Prabu Duswanta lan Dewi Sakhuntala. Mula, Pandawa lan Kurawa uga sinebut darah Bharata. Crita liya nyebutake yen kang nurunake iku Bambang Bremani, putrane Bathara Brama kang dhaup karo Dewi Srihunon, putrane Bathara Wisnu. Bremani banjur peputra Bambang Parikenan lan Parikenan peputra Manumayasa. Manumayasa iku satriya linuwih, kinasihan ing Bathara Guru.Nalika semana ngarcapada, nadyan wis akeh manungsane, kahanane durung tumata. Mula Bathara Guru ngersakake mranata kahananing para titah iku. Banjur miji para dewa. Sang Hyang Kanekaputra matur yen ngarcapada kudu ana kang mimpin. Nanging sapa?. Miturut Bathara Kanekaputra, ora ana liya maneh kejaba ya mung Manumayasa iku. Bathara Guru sarujuk, nanging isih sumelang. Yen mung Manumayasa dhewe kang ditugasi, apa bakal bisa ngleksanakake jejibahane kanthi becik?. Sawise rembugan sawatara suwene, Bathara Guru lan Kanekaputra sarujuk ngutus Sang Hyang Ismaya melu tumurun marang ngarcapada ngancani Manumayasa. Yen ana pewayangan, Bathara Ismaya kuwi jenenge sing luwih populer Semar. Maune uga salah sawijining dewa kang dedunung ing kahyangan. Wiwit dina kuwi Ismaya kadhawuhan tumurun ing ngarcapada kanthi tugas ngemong Manumayasa nganti saanak-turune besuk, amarga anak-turune Manumayasa iku wis dipesthekake dening jawata bakal dadi pemimpine para manungsa, pemimpin kang kudu njejegake kautaman.

Supaya anak-turune Manumayasa tansah bisa lumaku ing garis kautaman, Ismaya kudu tlaten ngemong. Kudu tansah ngelikake yen ana kang arep nalisir saka bebener. Sabanjure Semar mapan ing Karangdhempel (uga ana kang ngarani Klampis Ireng). Dene Manumayasa banjur yasa padhepokan ing Wukir Retawu. Semar kerep sowan menyang Retawu, prasasat meh saben dina. Sawise sawatara taun Manumayasa lan Ismaya manggon ana ngarcapada, Bathara Guru lan Bathara Narada bali ngrembug bab Manumayasa lan Ismaya. Pamanggihe Bathara Guru, Manumayasa kudu duwe sisihan supaya duwe keturunan kang besuk dadi pemimpine bangsa manungsa. Mula, wanita kang dadi sisihane Manumayasa iku aja mung sembarang wanita, ning kudu wanita sing duwe pribadi luhur, supaya bisa nurunake anak-anak kang uga becik pakartine.

Bathara Guru lan Narada akhire sarujuk nurunake widadari kang duwe sipat ora mung darbe rupa sulistya, ning uga pribadi luhur lan pantes dadi sisihane Manumayasa lan Ismaya. Widadari kang diturunake yakuwi Dewi Kaniraras lan Dewi Kanastri. Nalika tumurun ing ngarcapada, kekarone memba rupa dadi macan. Nuju sawijining dina, Manumayasa didherekake Semar, mbebedhag sato ana ing alas. Dumadakan kepethuk macan loro kang lagi nggereng-nggereng sajak arep mangsa Manumayasa lan Semar. Manumayasa nuli ndudut jemparing loro pisan. Jemparing linepasake, ngenani macan sakloron, sanalika badhar dadi widadari. Dewi Kaniraras lan Dewi Kanastri banjur nyembah marang Manumayasa, lan matur yen kekarone kadhawuhan dening jawata tumurun ing ngarcapada.Gancaring carita, Dewi Kaniraras nuli kapundhut garwa dening Manumayasa. Dewi Kanastri dadi bojone Semar. Manumayasa apeputra loro, yakuwi Sekutrem lan Sriyati. Sekutrem nurunake para ratu Astina, kalebu Pandawa lan Kurawa. Sriyati nurunake para raja Mandaraka. Dene Semar, tetep dadi abdi kang setya. Semar duwe anak telu: Gareng, Petruk, lan Bagong kang uga banjur melu dadi abdine para anak-turune Manumayasa. Nanging uga ana kang kandha, yen sejatine Gareng, Petruk, lan Bagong kuwi namung anak angkat

SRENGGANA - SRENGGINI



Dewi Srenggana dan Dewi Srenggini iku anake kembar Resi Badawanganala ing pertapan Sumur Upas lan sisihane sing jenenge Dewi Srunggagini. Ing jagad pedhalangan putri loro kembar iki sinebut Dewi Srengganawati lan Dewi Srengginiwati.Dewi Srengganawati dhaup lan Naluka, nurunake Dewi Sritanjung. Dewi Srengginiwati dhaup lan Sahadewa, nurunake Bambang Widapaksa utawa Sidapaksa. Ing lakon Dhaupe Nakula Sahadewa dicritakake saka kawitan malih rumape Bathari Durga dadi Dewi Kunti.

Bathari Durga sing njilma wujud Dewi Kunti iku banjur andon wasis lan andon ilmu bab sejatining lanang, sejatining wadon kalawan Sahadewa. Sawise dibabar kabeh, Dewi Kunti daden-daden iku banjur njaluk saresmi kalawan Sahadewa.Ananging Sahadewa nampik pepenginane Dewi Kunti daden-daden iku amarga kelingan yen Dewi Kunti iku ibune. Dewi Kunti daden-daden tetep meksa pengin saresmi kalawan Sahadewa, ananging Sahadewa milih mlayu ninggalake. Dewi Kunti daden-daden banjur nyuwek sandhangane lan wadul marang Werkudara.Bima dadi lan nesune nalika weruh kaanane Dewi Kunti (daden-daden iku). Luwih-luwih sawise ngerti yen suweke sandhangane iku amarga pokale Sahadewa. Tanpa suka kalodhangan tumrap Sahadewa kanggo njlentrehake apa sing kedaden satemene, Bima banjur ngajar Sahadewa sakkatoge. Sahadewa uga banjur diguwang ing Sumur Upas engga nemahi pati.


Sawijining dina, Dewi Srenggana dan Dewi Srenggini ngimpi dadi sisihane ragile Pandhawa, yaiku si kembar Nakula dan Sahadewa. Sahadewa sing ditemokake mati banjur diuripake maneh dening Resi Badawanganala.
Sawise takon tinakokan kalawan Sahadewa, Resi Badawanganala banjur nemokake Sahadewa kalawan anake wadon. Sahadewa arep dijodhokake kalawan salah sijine anake kembar iku. Putri kembar anake Badawanganala ora kabotan waton Sahadewa bisa napsirake ilmu sejatining lanang, sejatining wadon.

Wusana Sahadewa kasil ndhudhah lan napsirake ilmu kasebut. Putri loro kembar iku dening Resi Badawanganala banjur dipasrahake marang Sahadewa, sabanjure diboyong tumuju Amarta utawa Amerta. Satekane ing Endraprasta, Sahadewa lan Nakula bisa males tumindake Dewi Kunti daden-daden lumantar pitulungane Semar. Dewi Kunti banjur badar maneh ing wujud sakawit, yaiku Bathari Durga. Bathari Durga banjur sumingkir tumuju Krendayana ing pasetran Ganda Umayi utawa Gandamayit. Wusana, Dewi Srenggana utawa Srengganawati dhaup lan Nakula, dene Dewi Srenggini utawa Srengginiwati tetep dadi sisihane Sahadewa.

Wednesday, October 14, 2015

BIMA BUNGKUS



jejer hastina. sangat berduka prabu pandu dan dewi kunti karena kelahiran anak jabang bayi yang ebrwujud terbungkus. tak ada senjata yang mampu untuk memecah bungkus. kurawa juga ikut membantu selalu ingin mecah bungkus walopun cuma omong doangan saja, malah tujuan utamanya penegn membunuh snag bayi itu sendiri. dapat wangsit dewata bayi bungkus dibuang di hutan krendawahana di pertapaan wukir retawu begawan abyasa kedatangan raden permadi yang dikuti oleh punakawan.“kakek bagaimana nasib kakak bungkus, sudah sampe beberapa tahun tak ada kabar baik mengenai ini eyangg, menjadikan dukanya ibu kunti”
tentu saja sang winasis yang emmang dipenuhi oleh budi luhur sudah mengetahui apa yang jadi lelakon.“cucuku ngger, permadi, mengertilah kalo kakakmu lagi menjalani karmanya, di kemudian hari kakamu si bungkus akan jadi satria utama dan bakal emndapat apa yang disebut wahyu jati” adanya bungkus menjdikan gegernya suralaya. bumi gonjang ganjing seperti dibelah. lautan menjadi kering. di suralaya batara guru memanggil gajah sena putra sang batara yang berwujud gajah untuk memecah si bungkus sehingga menjadi sejatining menungso. sang guru juga mengutus dewi umayi untuk melatih tentang kautaman kepada si bungkus setelah memberikan pengajaran kepada si bungkus, dewi umayi memberikan buana berupa cawet bang bintulu merah, itam, kuning, putih, pupuk, sumping, gelang, porong dan kuku pancanaka.selanjutnya gajahsena membuka bungkus, pecahnya bungkus jadi ktemunya keduanya, kaget lalu terjadi perang. dibantinglah gajah sena. sirna jasah gajah. roh dan daya kekuatanya manjing dalam badan si bungkus datanglah bhatara narada, si bungkus bertanya pada sang kabayadewa,”heeem, aku ini siapa?perkencong perkencong waru doyong, ngger kamu itu sejatinya putra nomer dua dari raja dimarta prabu pandu dewanata. kamu lhir berwujud bungkus, dan kemauan dewata kamu menjadi satria utama, dan kamu kukaish nama bratasena ya ngger”datanglah ratu dari tasikmadu yang meminta pertolongan kepada bratasena untuk emnyirnakan raja raksesa bernama kala dahana. patih kala bantala, kala maruta dan kala ranu. para raksasa sirna. dan semua kekuatan para raksasa tadi menyatu dlm tubuh raden bratasena, itulah kekuatan api, tanah, angin dan air.


Jejer Ngastina. Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus. Kurawa uga melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnaaken si bungkus. Wisiking dewa sang bungkus den bucal ing alas Krendawahana. Ing pertapan Wukir Retawu Bagawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi kang kaderekaken repat punakawan.  “Kanjeng Eyang, kadi pundi nasibipun Kakang Bungkus, sampun sawetawis warsa mboten wonten suraos ingkang sae, bab menika Eyaang, andadosaken duhkitaning Kanjeng Ibu Kunti…” Tartamtu Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa kang dadi lakon.
“Putuku nggeeer, Permadi, mangertiya jer kakangmu nembe nglakoni karmane, ing tembe kakangmu Si Bungkus bakal dadi satriya utama, lan bakal oleh apa kang sinebut wahyu jati…” Anane Si Bungkus ndadekake gegering suralaya. Bumi gonjang ganjing kadya binelah, samodra asat.Ing Suralaya, Batara Guru nimbali Gajahsena, putra sang batara kang awujud gajah, kinen mecah si bungkus saengga dadi sejatining manungsa. Sang Guru ugi angutus Dewi Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman marang si bungkus. Salajengipun, Gajahsena mbuka bungkus. Pecahing bungkus dados sapatemon kekalihipun, kagyat dados lan perangipun. Binanting sang Gajahsena. Sirna jasad sang gajah. Roh lan daya kekiatanipun manjing jroning angga sang bungkus.Purna anggennya peparing ajaran marang si bungkus, Dewi Umayi aparing busana arupa cawat bang bintulu abrit, ireng, kuning, putih, pupuk, sumping, gelang, porong, lan kuku Pancanaka.Praptene Betara Narada. Si Bungkus tumakon marang Sang Kabayandewa, “Heemmm, aku iki sopoh?”“Perkencong, perkencong waru doyong, ngger, sira kuwi sejatine putra nomor loro ratu ing Amarta Prabu Pandudewanata. Sira lahir awujud bungkus, lan kersaning dewa sira kudu dadi satriya utama…, lan sira tak paringi tetenger Bratasena ya ngger…”

Rawuhipun Ratu saking Tasikmadu kang nyuwun senjata pitulungan marang Bratasena kinennyirnakaken raja raseksa aran Kala Dahana, Patih Kala Bantala, Kala Maruta  lan Kala Ranu. Para raseksa sirna. Sekakawan kekiatan saking raseksi wau nyawiji marang Raden Bratasena, inggih punika kekiatan Geni, Lemah, Angin lan Banyu.