Galaxy A7 hadir dengan kombinasi
tampilan metal premium dan gorilla
glass yang mempesona. Nikmati genggaman yang lebih stabil dan nyaman
dengan desain ramping serta bezel
yang lebih tipis.
- Home
- KERIS PUSAKA SAKTI MANDRAGUNA
- Menyatunya Keris Dgn Pemiliknya
- Penghalang Penyatuan Keris Dgn Pemiliknya
- posisi Keris Sbg Pendamping Manusia
- Bentuk Penyatuan Keris
- Keris Nagasasra Sabuk Inten
- Keris Mpu Gandring
- Keris Kalam Munyeng
- Keris Kyai Condong Campur
- Keris Kyai Sengkelat
- Keris Kyai Carubuk
- Keris Kyai Brongot Setan Kober
- Keris Naga Runting
- Keris Kyai Singo Barong
- Keris Jalak Buda
- Keris Omyang Jimbe
- Keris Semar Mesem
- Nama Nama Empu Pembuat Keris
- Makna Filosofi kekuatan Dapur Keris
- Tombak Pusaka
- Dapur Keris
- Senjata Tradisional
- SMARTPHONE
Tuesday, October 27, 2015
Monday, October 26, 2015
Samsung galaxy J7
Samsung Galaxy J7 White Smartphone hadir dengan layar
berukuran 5.5 Inch dan sistem operasi Android OS v5.1 Lollipop. Smartphone ini
dibekali dengan prosesor Octa-core 1.2 GHz, memori RAM 1.5 GB , dan ROM 16 GB.
Smartphone ini dilengkapi dengan kamera berkapasitas 13 MP dan 5 MP.
Sunday, October 25, 2015
Samsung galaxy J5
Samsung Galaxy J5 ini membawa
spesifikasi layar 5 inch SuperAMOLEDdengan resolusi HD, processor Snapdragon
410 yang dipadu dengan RAM 1,5 GB. Dan sudah mendukung jaringan internet cepat
4G LTE
Saturday, October 24, 2015
Wednesday, October 21, 2015
ANOMAN OBONG
Dewi Shinta wis kelakon didhusta
dening Prabu Rahwana/Dasamuka menyang kraton Alengkadiraja. Dewi Shinta
dipapanake ing taman Kaputren. Ing taman, Dewi Shinta ora doyan mangan lan ora
donyan ngombe. Awake kuru aking, rambute dawa nggimbal ora digelung amarga wis
suwe ora adus. Kabeh mau ditindakake supaya Rahwana wegah nyedhaki dheweke.
Kanggo njaga keslametane, menyang ngendi wae Dewi Shinta tansah nggawa
cudrik/keris cilik. Samangsa-mangsa Prabu Rahwana teka arep ngrudapeksa,
dheweke banjur ngancam arep nganyut tuwuh utawa bunuh diri.
Ing taman amung Dewi Trijatha sing
bisa ngarih-arih lan bujuk Dewi Shinta supaya gelem mangan. Dewi Trijatha kui
anake Gunawan Wibisana adhine Prabu Dasamuka dadi isih ponakane Prabu Dasamuka.
Dewi Trijatha kui rupane ayu lan polah tingkahe ora kasar kaya buta Alengka.
Polah tingkahe lan solah bawane ora beda karo putri keraton liyane. Upama ora
ana Trijatha, Dewi Shinta mesthi wis mati suduk sarira, Trijatha kasil
ngarih-arih Dewi Shinta supaya ora lampus dhiri. Ora kacarita nelangsane Dewi
Shinta ing tangane mungsuh. Dene Sri Ramawijaya kasil dadi ratu angratoni
bangsane kethek saka kraton Guwa Kiskenda andhahane Sugriwa. Sawijining dina
Sri Ramawijaya kirim utusan kethek putih aran Anoman. Anoman dinuta Sri
Ramawijaya supaya nggolek sisik melik ing ngendi lan kepriye kahanane Dewi
Shinta.
Tekan keraton Alengka, Anoman njujug
taman keputren. Ing kono dheweke kelakon nemoni Dewi Shinta lan Trijatha.
Anoman banjur ngaturake ali-aline Sri Rama marang Dewi Shinta. Sawise mangerteni
kaanane Dewi Shinta lan entu sisik melik bab kaanane kraton lan prajurit
Alengkadiraja, Anoman banjur pamit bali. Emane nalika arep bali, Anoman
konangan lan kecekel prajurit Alengkadiraja. Anoman dirangket disowanake Prabu
Rahwana. Dening Prabu Dasamuka Anoman diukum obong. Anoman diukum obong ing
laun-alun Alengka.
Nanging Anoman kuwi kethek sekti mandraguna, ora
tedhas diobong. Nalika diobong Anoman mberot banjur pencolotan sandhuwure
wewangunan kraton lan omah. Wewangunan lan wit-witan sing diencoke Anoman kabeh
kobong. Kraton Alengkadiraja sing maune apik lan endah saiki dadi segara geni
sing mbulat-mbulat amarga pokale Anoman. Prabu Dasamuka nesu lan mrentahake
prajurit Alengka supaya nyekel Anoman. Nanging Anoman wis kasil lolos lan bali
atur palapuran marang Sri Ramawijaya.Swasana lan kaanane kraton Alengkadiraja
nalika diobong dening Anoman kaya sing diceritakake ing lagu campursari Anoman
obong
Tuesday, October 20, 2015
SADEWA
Raden Sadewa (Sahadewa) putrane
Prabu Pandhu lan Dewi Madrim. Satriya wuragile Pandhawa. Kembarane Raden Sadewa
asmane Raden Nakula. Wujude Nakula lan Sadewa kembar, kembar rupa, swara, lan
busana.Nalika timure, Raden Sadewa kekasih Raden Tangsen, kasatriyane Sadewa
ing Baweratalun (Bumiretawu).Sedulure beda ibu ana telu, yaiku : 1. Prabu
Puntadewa, 2. Raden Wrekudara, 3. Raden Janaka. Puntadewa, Wrekudara, Janaka,
Nakula, lan Sadewa, sinebut kadang Pandhawa, saka tembung linggane Pandhu lan
hawa tegese putra Pandhu.
Raden Sadewa titising bhatara Aswin,
dewa tabib. Wiwit cilik digulawenthah dening Dewi Kunthi. Wujude Raden Sadewa
satriya bagus, mbranyak pasemone. Watake jujur lan bekti marang sedulur
tuwa.Ing lakon Babad Alas Mretani, Raden Tangsen bisa ngasorake yudane Jim
Sadewa (riwayat liya sinebut Ditya Sapulebu), satemah Jim Sadewa mau masrahake
kasatriyane, yaiku Baweratalun lan paring Aji Pramanajati kang dayane bisa
ngerti sadurunge winarah.
Kanthi dayane Aji Pramanajati, Raden Sadewa bisa mbatang sayembara cangkriman “sejatining lanang, sejatining wadon”. Banjur didhaupake klawan Dewi Srengginiwati, putrane Prabu Bhadawanganala, ratu ing gisik samudra. Sabanjure peputra Sidapeksa.
Ing lakon Sudamala, Raden Sadewa sing ragane kapanjingan Bathara Guru, bisa ngruwat Bathari Durga. Sang Bathari banget panarimane marang Raden Sadewa. Dening Sang Bethari Raden Sadewa pinaringan asma “Sudamala” tegese ngresikake rereged. Sarta kadhawuhan nggarwa Dewi Padapa, anake Begawan Tambrapetra ing padhepokan Prangalas.
Monday, October 19, 2015
NAKULA
Raden Nakula
putrane Prabu Pandhu lan Dewi Madrim. Satriya sumendhining Pandhawa (kakang
ragil). Kagungan rayi siji tunggal rama ibu, kekasihe Raden Sadewa. Wujude
Nakula lan Sadewa, kembar. Kembar rupa, swara, lan busana.Nalika timure, Raden
Nakula kekasih Raden Pinten, dene Raden Sadewa kekasih Raden Tangsen.
Kasatriyane Raden Nakula ing Sawojajar.
Sedulure beda ibu ana telu, yaiku : 1. Prabu Puntadewa, 2. Raden Wrekudara, 3. Raden Janaka. Puntadewa, Wrekudara, Janaka, Nakula, lan Sadewa, sinebut kadang Pandhawa, saka tembung linggane Pandhu lan hawa tegese putra Pandhu.Manut layang Purwacarita, garwane Raden Nakula sesilih Dewi Srengganawati, putrane Sang Hyang Badhawanganala. Karo Dewi Srengganawati iki, Raden Nakula peputra siji sesilih Dewi Sri Tanjung.Manut layang Pustaja Raja, garwane Raden Nakula sesilih Dewi Suyati, putrane Prabu Kridhakerata, ratu ing Awuawulangit. Nakula klakon nggarwa Dewi Suyati sawise bisa ngalahake Indrakesata. Karo Dewi Suyati iki, Raden Nakula peputra loro, yaiku: Raden Pramusinta lan Dewi Pramuwati.
Wujude Raden Nakula satriya bagus, mbranyak pasemone. Watake jujur lan bekti marang sedulur tuwa.
Ngarepake pungkase perang Bharatayuda, Raden Nakula lan Sadewa disraya dening Prabu Kresna supaya sowan ing ngarsane Prabu salya (uwake / pakdhene) kanthi ngliga keris, pasrah pati urip. Dhawuh iki ditindakake, satemah Prabu Salya mblakakake isen – isening atine lan nyuwun tandhing mungsuh Prabu Puntadewa. Satemah dadi srana menange Bharatayuda tumrap Pandhawa. Nakula iku sawijining paraga Mahabharata. Nakula artine ‘’bisa nguwasabi awake dhewe’’. Ing pedhalangan, nalika isih enom Nakula nganggo jeneng Pinten. Pinten iku sejatine jeneng tanduran kang godhonge bisa kanggo obat. Kaya jenenge, Nakula lantip ing obat-obatan amarga tinitisan Batara Aswi , dewane tabib. Satriya iki salah sijine Pandhawa lan nduwe kembaran kang jenenge Sadewa. Beda karo Yudhistira, Werkudara, lan Janaka, Nakula lan Sadewa iki lair seka Dewi Madrim. Nalika Pandhu palastra, Dewi Madrim bela pati lan kembar iki lair seka wetenge kang suwek dening keris.Raden Nakula kuwi satriya kembar kemanikan. Sedulur kembare aran Raden Sadewa iya Sahadewa. Sekarone putrane nata ing Astina, Prabu Pandhudewanata, lan mijil saka garwa Dewi Madrim, kadang enome Raden narasoma iya Prabu Salya nata ing Mandaraka.Ing Mahabharata, Nakula artine ‘’bisa nguwasabi awake dhewe’’. Ing pedhalangan, nalika isih padha cilik-cilik, Nakula kuwi arane Pinten, lan kembarane Sadewa aran Tangsen. Pinten iku sejatine jeneng tandhuran kanmg godhonge bisa kanggo obat, Kaya jenenge, Nakula lan sadewa lantip ing babagan obat-obatan amraga satriya sakloron kuwi titise dewa kembar, Bathara Aswan lan Aswin, dewane tabib. Satriya sakembaran iku klebu sedulur nunggal rama seje ibu yen karo Prabu Puntadewa, Werkudara lan Arjuna. Lan satriya lima kasebut kawentar kanthi aran Pandhawa. Kekarone setya lan bekti banget marang para kadhang sepuhe, senadyan seje ibu. Prabu Puntadewa, Werkudara, lan Arjuna mijil saka ibu Dewi Kunthi.Nalika dumadine perang baratayuda, Prabu salya melu Kurawa. Siji mbaka siji senopati Kurawa padha gugur. Nganthi Prabu Salya piyambak sabanjure nyarirani pribadi dadi senopati agung. Jalaran Prabu salya iku iya isih marasepuhe Prabu Duryudana, nata Astina. Nalika mireng yen kang madeg senopati agung Prabu salya, para Pandhawa padha bingung. nanging botohe Pandhawa sing sugih pratikel, Prabu Kresna banjur dhawuh marang Nakula lan Sadewa supaya marak ing ngarsane Prabu salya, api-api nyuwun dipateni wae. Mesthi wae Prabu Salya ora mentala mateni perunane kuwi. Malah banjur atine rumangsa keranta-ranta merga kelingan amarng adhine (Dewi Madrimm) kang wis sedha bela pati marang Pandhu lan ninggali bayi kembar kang isih abang, yakuwi Pinten lan tangsen iku. Mung merga saka beciking pakartine Dewi Kunthi, bayi kembar kuwi nadyan dudu putrane dhewe tetep digula wentah kanthi kebak rasa tresna asih tanprabedha karo anake dhewe.Jroning bathine, satemene Prabu salya luwih tresna lan abot marang para Pandhawa kuwi ketimbang marang mantune. Lan saliyane trenyuh bareng ndeleng Nakula-Sadewa, Prabu Salya uga banjur kelingan marang marasepuhe, Begawan Bagaspati sing sedane merga saka pakartine Sang Prabu Salya duk isih enome. Sang Begawan nalika sedane ninggal suwara yen babak nagih janji lumantar ratu kang kasinungan ludira seta, sing ora liya Prabu Puntadewa.
Mula Salya banjur paring dhawuh marang nakula-Sedewa supaya bali, lan meling supaya sing methuake yudane, Prabu Puntadewa. Temenan, bareng tempuking yuda, Prabu Salya nglilakae patine nalika adu arep karo Prabu Puntadewa. Aji-ajine aran Chandabirawa ora kuwan nyedhaki Prabu Puntadewa lan banjur ilang musna. Prabu Salya akhire sedha disawat pusaka Jamus Kalimasada. Kasatriyane Nakula kuwi ing Sawojajar, dene Sadewa ing Paweratalun. Garwane nakula kekasih Dewi Srengginiwati kang banjur peputra Dewi Sri Tanjung. Dene Sadewa nggarwa Dewi Srenggini kang sateruse peputra Bambang Widapeksa (Suwidapaksa). Dewi Srengganawati lan Srenggini iku putrane Sang Hyang Badawanganala, dewane bulus, ing Narmada Wailu. Ing lakon Sudamala utawa Durga Ruwat, dicritakake yen akhire sawise klakon ngruwat Bathari Durga, Nakula-Sadewa palakrama anthuk Endhang Suka lan Pradapa, kekarone putrine Resi Tambrapetha saka pratapan Prangalas. Kekarone banjur peputra Raden Saluwita, Pramusinta lan Pramuwati. Yen pinuju pisowanan ing Amarta lungguhe Nakula Sadewa ngapit ingkang raka Prabu Puntadewa lan kekarone padha ngapurancang.
Subscribe to:
Posts (Atom)




